ads

Lirik Lagu SlemanReceh - Kesekso Kangen

Lirik Lagu Kesekso Kangen




sawangen awakku iki
mugo kowe ngerteni
rasane ati iki
kesekso mergo kangen

ninggalke kowe
gawe atiku rindu
kangen sliramu

rangkulen aku
sandarno ning pundakku
loro sing wingi wingi
mugo enggal mari

tresno kowe sing duweni
tak simpen, tak dadekne kembang ning ati
mugo iso mekar lan mewangi


aku mung kangen ro sliramu
kowe sing iso ngusap eluhku
kowe sing iso nambani roso kangenku

kowe neng endi papanmu
aku iseh setyo ngenteni
balikmu sesandingan karo awakku

aku iseh setyo karo janjiku
neng kene aku iseh sayang sliramu
tak jaluk sing sabar nunggu tekoku bali

tresno kowe sing duweni
tak simpen, tak dadekne kembang ning ati
mugo iso mekar lan mewangi

aku mung kangen ro sliramu
kowe sing iso ngusap eluhku
kowe sing iso nambani roso kangenku

kowe neng endi papanmu
aku iseh setyo ngenteni
balikmu sesandingan karo awakku

aku iseh setyo karo janjiku
neng kene aku iseh sayang sliramu
tak jaluk sing sabar nunggu tekoku bali


Artikel Terkait

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel